Halaman

Contoh Soal UAS 1 Bahasa Jawa Kelas 6


Nutrisi untuk pertumbuhan bagi anak-anak. Mengandung Cod Liver Oil dan Omega 3
 


----------------------------------------------------------------------------------------------------------------

PEMERINTAH KABUPATEN .......... 
DINAS PENIDIKAN, ................
Alamat ..........................................................
------------------------------------------------------------------------------------
PENILAIAN AKHIR SEMESTER SEKOLAH DASAR 
TAHUN PELAJARAN .................
Mata Pelajaran : Bahas Jawa
Kelas                 : 6
Hari/Tanggal     : ...............
Waktu                : ...............

SOAL

Wacan kanggo soal nomer 1 - 9.
Kendhurenan

     Wektu iku aku didhawuhi Bapak supaya nekani adicara kendhurenan ing daleme Pak Daryanto, sesepuh ing kampungku. Ing daleme Pak Daryanto, bapak-bapak ing Rt ku wis padha kumpul kanthi lenggah ing klasa. Klas kang dilenggahi bapak-bapak iku mau digelar ing ruwang tengah. Anggone lenggah mau tumata rapi, lenggah jejer pesagi ngubengi ambeng sing uga ditata jejer. Ambeng-ambeng iku diwadhahi baskom. Ana sing baskom plastik, ana uga sing baskom seng. Ambeng-ambeng iku dumadi saka sega kang dhuwure ditatani lawuh maneka warna. Kanggo misahake sega lan lawuh, ing dhuwur sega diwenehi lemek kertas, godhong gedhang utawa plastik. Lawuh-lawuh sing tumumpang ing dhuwur sega mau ditata kanthi rapi. Sing wujud jangan ana sing diwadhahi takir, sudi utawa lepek, dene lawuh gorengan tempe, gereh, peyek, entho-entho (rempah) cukup ditata kanthi rapi mubeng manut wujude lemek. Ing dhuwur lawuh isih diwenehi tutup. Godhong gedhang, bujur, utawa koran dadi tutup ambeng-ambeng iku.
    Ing antarane bapk-bapak sing lenggah mau, ana priyayi sing lenggah ing pojok adoh karo lawang omah iku. Priyayi iku dadi sepuh ngagem kupluk, ya priyayi iku sing mimpin donga ing kendhurenan. Priyayi iku mau lumrah diarani kaum. Lumrahe kaum iku wasis bab ilmu agama.
    Kaum mau miwiti donga sawise rombongan kendhurenan dianggep wis kumpul kabeh. Sadurunge donga, kaum ngandharake tujuan dianakake kendhurenan. Maksude ora liya nyuwun keslametan, karukunan lumrah warga lan kaluwargane sing padha ngumpul. Donga rampung, tutup-tutup ambeng dibuka kanthi mardika warga-warga kang kumpul padha ngandhapi ambeng sing ana ngarep. Bisa milih ambenge tanggane. Rampung ngandhapi ambeng banjur padha kondur.

1. Kang nduweni jejibahan mimpin donga ana ing adicara mau yaiku ....
    a. Ketua RT     b. Kaum      c. Pak Daryanto      d. priyayi
2. Isi pokok paragrap sepisan yaiku ....
     a. Anggone lenggah mubeng kaya bnderan 
     b. Lawuh-lawuh ditata rapi ing baskom liyane 
     c.Lawuh-lawuh awujud gorengan ditutup plastik 
     d. Adicara kendhurenan dirawuhi dening warga RT
3. Ambeng yaiku ....
    a. Sega sing digawe lancip (bucu) ing adicara tirakatan   
    b. Werna-werna jajanan sing disuguhake ana ing upacara adat 
    c. Sega diwenehi werna-werna lawuh sing ditata ing dhuwure 
    d. Sega lan lawuh maneka warna sing ditata jejer ing adicara kendhurenan
4. Tembung "tumumpang" kadadeyan saka tembung lingga ... kang oleh seselan ....
5. Tujuan dianakake kendhurenan yaiku amrih warga lan kaluwargane tansah kaparingan ....
6. Adicara kendhurenan dilaksanakake ing  ....
7. Lawuh sing diwadhahi takir utawa lepek yaikusing awujud .... 
8. Gaweya ukara kanthi tembung wasis kang amot paling sethithik 5 tembung kanthi migunakake 
    basa krama!    
9. Wenehana panyaruwe adhedhasar wacan ing dhuwur!

    Kanggo nggarap soal nomer 10 - 18, wacanen carita wayang ing ngisor iki kanthi premati!

Gathutkaca Gugur

    Raden Gathutkaca satriya ing Pringgondani tiniban sampur dadi senopatining perang Bharatayuda saka trah Pandhawa. Sadurunge manjing perang, dheweke tumuli ngadhep marang ibune kang aran Dewi Arimbi kanggo njaluk pangestu supaya tansah lancar kalis ng rubeda nir ing sambikala.
    "Ngger putraku, sing ati-ati. Pangestune Ibu mbayu mili. Muga-muga kasembadan sedyamu."
    Sawise oleh pangestu saka ibune, Gathutkaca age-age tumuju ana palagan Kurusetra dikantheni wadyabala kang akeh, kayata Brajawikalpa, Brajalamatan, lan Prababeksa. Ora duwe rasa wedi getih babar pisan. Raden Gathutkaca mabur amarga ngagem Kotang Antakusuma. Gathutkaca uga ngagem Caping Basunanda kanggo ngayomi saka udan lan panas, ngagem tesmak Suryajanta kang bisa ndadekake netrane sumorot lir baskara kembar.
   Paprangan dumadi ing wayah bengi. Para prajurit padha nggawa obor, ndadekake tegal Kurusetra kaya karang abang kang padhang njingglang ananging hawane panas. Wadyabala Kurawa akeh kang padha nemahi pralaya. Adipati Karna kang dadi senopatine Kurawa, age-age menthang langkap jemparinge. Prajurit Pandhawa padha salang tunjang. Raden Gathutkaca nuli ngamuk, ngobrak-abrik wadyabala Kurawa.
    Perange rame banget, jalaran padha sektine. Gathotkaca ngendelake anggone bisa mabur tanpa elar. Saben arep diwales, mabur saya dhuwur. Suwe-suwe Adipati Karna panas atine mula banjur namakake gaman kang ampuh awujud panah kang aran Kyai Kuntawijayadanu. Panah bisa mlesat nganti langit sap pitu ngoyah Raden Gathutkaca. Panah mau bisa nggoleki dhewe amarga  kasurung dening rohe Kalabendana, pamane Gathutkaca, kang duksamana seda dening Gathutkaca najan ora sengaja.
    Kacarita menawa rangkane Kyai Kunta manjing ana ing ragane Gathutkaca nalika bubar dienggo medhot pusere. Lakune panah kang kasurung dening Kalabendana mau tumuju menyang wadhahekang ndadekake Gathutkaca gugur.

10. Kacarita menawa ragane Kyai Kunta manjing ana ing ragane Gathutkaca nalika bubar dienggo          medhot pusere. Tembung kang kacithak kandel tegese  ....
      a. mlebu   b.budhal  c. teka  d. mangkat
11. Tumindak sing trep karo pesen ana ing paragrap1 kanggone bocah sekolahyaiku ....
      a. Menawa arep lelungan perlu njaluk sangu supaya bisa jajan sing cukup 
      b. Sadurunge mangkat sekolah becike mbiyantu Ibu nyapu jogan
      c. Pamit lan njaluk donga marang wong tuwa menawa arep mangkat sekolah
      d. Sregep ngrewangi bapak utawa ibu lan seneng perang kaya Gathutkaca
12. Paprangan dumadi ing wayah bengi.
      Ukara pitakon kang trep kanggo wangsulan ing dhuwur yaiku ....
      a. Kepriye kahanane Tegal Kurusetra?
      b.  Ana ngendi panggonane perang Baratayuda?
      c. Tumeka wayah apa rampunge paprangan?
      d. Kapan dumadining paprangan Baratayuda?
13. Tegese tembung "panas atine" ana ing wacan dhuwur yaiku ....
14. Gunane pusaka Kotang Antakusuma yaiku supaya Gathutkaca bisa ....
15. Kang dilakoake Kalabendana yaiku ... lakune panah tumuju menyang wadhahe kang ndadekake
     Gathutkaca gugur. 
16. Jenenge wayang ing ngisor yaiku ....


17. Paprangan dumadi ing wayah bengi. Para prajuri padha nggawa obor, ndadekake Tegal Kurusetra
      kaya karang abang kang padhang njingglang ananging hawane panas. Wenehana
      panyaruwe/tanggapan gegayutan karo kedadeyan ing dhuwur ....
18. Perang rame banget, jalaran padha sektine.
      Salinen ukara ing dhuwur mawa basa krama!

    Kanggo nggarap soal nomer 19-27, wacanen carita ing ngisor iki kanthi premati!

Kleru Bayar

    Nalika semaa aku nonton pasar malem bareng ibu, eyang, lan Sodri, adhiku sing cilik dhewe. Sajane wiwit jam papat sore wis bukak. Nanging sengaja mangkat jam setengah wolu, bubar sholat Isya'. Ibu ora ngasta motor amarga panggonane cedhak.
    Tekan kana adhiku nggedros njaluk numpak kurungan mubeng utawa sering diarani bianglala bareng aku. Sajane aku ora pati seneng nanging kanggo mbombongi adhiku kepeksa aku gelem.
    Sawektu ana ing puncak aku weruh ana bakul bonekasing pancen wis suwe dakkepengini. Sawise mandheg, aku age-age tumuju menyang bakul boneka nganti  lali menawa wektu iku bareng adhiku. Ora suwe nggonku milih amarga wiwit saka bianglala wis daktiteni bonekane. Regane selawe ewu. Wektu semana aku digawani ibu dhuwit telung lembar.
    Nalika arep mbayar, larap-larp krungu swara tangis bocah. Sajake kaya swra adhiku. Age-age aku ngetokake dhuwit saka sak rong lembar banjur mlayu nuju swarane tangis. Bener, menawa sing nangis kuwi Sodri. Aku rumangsa luput banjur ngeneng-nengi lan njaluk ngapura. Adhiku banjur meneng. Atiku bungah ananging terus kaget marga ana wong sing ngluthik pundhak.
   "Wonten napa, Pak?" Jebule sing ngluthik mau bakul boneka.
    "Le mbayar nembe pitungewu, Dhik!" ngendikane bakule karo nudhuhake dhuwite. Sawise dakteliti dhuwit rong lembar mau dhuwit rongewu karo limangewu. Aku isin banget nuli njaluk ngapura.

19. Pokok isi crita paragrap kaping siji yaiku ....
       a. nonton pasar malem       b. Ibu ora ngasta motor
       c. Olehe mangkat gasik     d. Panggonane pasar malem cedhak
20. Geneya cepet olehe milih boneka?
      a. Rumangsa wis nggawa dhuwit sing cukup
      b.  Krungu menawa adhine nangis seru
      c. Bonekane wis dititeni nalika numpak bianlala
      d. Saking senenge marga weruh sing dikepengini 
21. Tokoh "aku" duwe watak kang ....
       a. Welas asih marang sedulur            b. Grusa-grusu olehe tumindak
       c. Seneng gawe bombonging liyan   d. Seneng tuku boneka
22. Wong-wong mau menyang pasar malem jam ....
23. Kang dadi topik utama crita ing dhuwur yaiku ....
24. Tekan kana adhiku nggedros jaluk numpak kurungan mubeng utawa sering diarani bianglala
      bareng aku. Tembung kang kacithak kandel tegese ....
25. Crita ing dhuwur kalebu pengalaman sing ....
26. Wektu semana aku semana aku digawani ibu dhuwit telung lembar.
      Salinen ukara mau nganggo basa krama!
27. Sebutna 2 (loro) pitutur luhur kang bisa kapethik saka crita ing dhuwur!

     Kanggo nggarap soal nomer 28 - 35, gatekna tembang ing ngisor iki!

                      Kinanthi

     Padha gulangen ing kalbu,
     Ing sasmita amrih lantip,
     Aja pijer mangan nendra,
     Kaprawiran den kaesthi,
     Pesunen sariranira,
     Sudanen dhahar lan guling.
            Dadia lakunireku
            Cegah dhahar lan guling
            La aja kasukan-sukan
            Anganggoa sawatawis
            Ala watake wong suka
            Nyuda prayitnaning batin

28. "Nendra" tegese yaiku ....
       a. nedha     b. turu      c. ati      d. dhahar
29. Pada 2 paring pitedhah kangge manungsa supados  ....
      a. gesang ansah seneng, boten perlu didhamel susah
      b.  boten pareng dhahar lan sare
      c. ngulinaaken lampah prihatos
      d. ngirangi priyatnaning batos
30. Tembung ing tembang Kinanthi ing dhuwur kang nduweni teges manah yaiku tembung  ....
31. Akibate wong kang kebanjur marang kasenengan bisa ... kawaspadaning batin.
32. Lan aja kasukan-sukan.
      Tegese yaiku lan dadi wong aja nganti keladuk olehe  ....
33. Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping loro yaiku ....
34. Apa tegese ing sasmita amrih lantip?
35. Kepriye carane nggladhi manah supaya lantip ing sasmita?

--------------------------------------
Selamat mengerjakan! 

Cheap flights with cashback

1 komentar:

  1. The casino with roulette machines | Vannienailor4166 Blog
    Casino roulette game is one of 바카라 사이트 the most popular casino games in goyangfc.com Malaysia. It https://vannienailor4166blog.blogspot.com/ offers the latest games with the https://jancasino.com/review/merit-casino/ best odds, with big payouts and https://sol.edu.kg/ easy

    BalasHapus