Halaman

Contoh Pacelathon di WAG

 Contoh Pacelathon Wonten WAG 

               ------

Pacelathon punika dumados wonten  WAG KKG. Salah setunggaling KKG ing tlatah kabupaten Banjarnegara. Dinten Setu sonten. Pak No, setunggaling guru enem  anggota KKG nembe mawon mungkasi kegiyatan ‘diklat daring'. Diklat daring ingkang dipun ayahi dening Pak No minangka salah setunggaling program Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia. ‘Diklat daring' dipun leksanakaken kanthi pangajab saged nuwuhaken solusi dhumateng keruwetan dhunia pendidikan salebeting  ‘masa pandemi Covid-19’. 

Sasampunipun rampung nglampahi diklat para guru dipun ajeng-ajeng Saged mraktekaken ngelmu asil diklat wonten kelasipun piyambak – piyambak. Saengga  mujudaken pembelajaran ingkang langkung bermakna, ugi pas kaliyan suwasana ‘pandemi covid-19'.

Program Diklat gguru'masa pandemi covid-19' ingkang dipun wontenaken dening Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan dipun bagi dados tigang bagian. Inggih punika; 

1. Bimtek

2. Diklat

3. Pengimbasan

Peserta ingkang sampun rampung nglampahi bimtek, lajeng ndhaftar kangge nglampahi diklat. Dene peserta ingkang sampun ngayahi diklat lajeng ngawontenaken kegiyatan pengimbasan wonten komunitas guru ingkang sampun terdaftar wonten SimPKB. Kegiyatan pengimbasan ingkang dipun maksud kalawau kalebet kegiyatan ‘diluar sistem'. Arupi ngajak dhumateng kanca-kanca guru supados ndherek ngayahi kegiyatan bimtek punapa dene diklat kados piyambakipun.    Kegiyatan pengimbasan benten kaliyan bimtek utawi diklat. 

Kangge kegiyatan pengimbasan boten wonten blangko utawi wacan ingkang sumadya. Ananging menawi kegiyatan sampun tuntas, komunitas badhe pikantuk piyagam utawi sertipikat. Benten kaliyan bimtek utawi diklat. wonten kegiyatan bimtek utawi diklat asil piyagam utawi sertipikat dipun paringaken dhumateng guru peserta diklat. Dene wonten kegiyatan pengimbasan, menawi sampun tuntas asil piyagam utawi sertipikat dipun aturaken dhumateng Komunitas. Komunitas ingkang sampun ngleksanakaken pengimbasan badhe pikantuk biji utawi nilai ugi perengkingan kaliyan Sedaya komunitas sanegara Indonesia.

Sasampunipun ngundhuh e-sertifikat diklat, Pak No lajeng milai pecelathon wonten WAG saperlu kangge  ngleksanakaken kegiyatan pembiasan. 

Langkung rumiyin Pak No ngunggah e-sertipikat lajeng milai pacelathon 




Pak No: Pangapunten, Bapak /Ibu. Menapa wonten ingkang sampun pikantuk sertifikat kados mekaten?

(Dereng wonten ingkang nulis ‘chat’ kangge mangsuli pitakenan Pak No) (Lajeng Pak No nyerat chat malih)

Pono: Menawi dereng, mangga sami ndherek bimtek ‘melawan DARING', liwat akun SIM PKB, Bapak Ibu. Cekap ngangge Android. (Dipun tambahi gambar jempol/👍)

Bu In: Maturnuwun kagem inpormasinipun  Pak No. (Dipun tambahi gambar tangann kalih dipun rapetaken/🙏🙏) 

Pak No: Sami-sami Bu In. Mangga, Sedaya anggota komunitas Guru saged ndherek wontenipun bimtek punika.

(Dereng sempat dipun wangsuli dening guru sanesipun, Pak No lajeng nyerat malih) 

Pak No: Kangge login dhateng simPKB, Bapak saha Ibu samangke ngginakaken Username arupi nomer UKG. Umpaminipun  kawula ingkang tumut UKG tahun 2015, nomer UKG kawula '2015014***28', lajeng ditambahi @guruku.id. Dados username ingkang kawula ginakaken kangge login '2015014***28@guruku.id'. Punika naming conto. Dene Bapak saha Ibu kagungan nomer UKG piyambak - piyambak. (Pak No lajeng ngunggah gambar lingkaran driji telunjuk kaliyan jempol/👌 kanthi pangajap para guru ngrumaos bilih perkawis punika kalebet perkawis ingkang gampil)

Bu Tonah: (dereng mangsuli ‘chat’ kanthi ukara, nembe ngaturaken gambar jempol kalih kaliyan gambar simbul ‘terima kasih'/👍👍🙏🙏)

(Pak No lajeng menggalih, kenging punapa  Bapak/Ibu guru dereng sami nyerat ‘chat’ kangge mangsuli ukara pitakon ingkang sampun cumawis). (Sasampunipun neliti Pak No mangertos bilih kalawau anggenipun nyerat, wonten kesalahan ngetik)

Pak No: (kanthi maksud njlentrehaken bilih seratan wonten ‘chat’ kepungkur kalebet ‘salah ketik’)Maksudipun bimtek kelawan DARING, nggih. Sanes bimtek melawan DARING. (Dipun tambahi gambar Sirah kemringet/😓). Maklum, kawula ngetik ngangge tangan setunggal)

(Amargi sampun wonten kanca guru ingkang mangsuli :’chat’, Pak No nglajengaken pangandikanipun)

 Pak No: Mangga Bu Tonah, Bu In,  Bu As enggal-enggal kemawon  nindakaken bimtek. (Dipun tambahi gambar tangan kalih dipun rapetaken/🙏) Amargi wonten jadwalipun. Pak Pur ugi sampun ngleksanakaken.(Dipun tambahi gambar jempol/👍)

(Boten watawis dangu Pak Ripto nyerat ‘chat‘chat’_ kangge mangsuli ‘chat’ ipun Pak No, ngginakaken basa Inggil. Ingkang boten biyasa dipun ginakaken wonten pacelathon antawisipun guru-guru)(Pak Ripto pancen kagolong piyantun linuwih ing antawisipun guru-guru babagan basa Jawi. Piyantunipun remen midhangetaken keseniyan Ringgit)

Pak Ripto: Matur sembah nuwun atur bambiyoworonipun, mugi saged piguno tumrap sedoyo kadang, saged ngindhakaken seserepan ugi saged pikantuk layang kekancingan ingkang piguna kagem indhaking darajat pangkat mugi berkah sadayanipun, Amin

(Amargi kalawau Pak No nyerat bab anggenipun nyerat ‘chat’ ngangge tangan setunggal lajeng Bu Tonah mangsuli)

Bu Tonah: Mboten dados punapa. Setunggal kangge nggendong lare  alit. (Dipun tambahi gambar tangan kalih mlumah/🤲🤲)

(Bu Tonah ugi mangsuli bab ajakan ndherek bimtek)

Bu Tonah: InsyaaAllah.

(Bu Tonah ugi mangsuli chatipun Pak Ripto kalawau)

Bu Tonah: Lah punika malah  ngginakaken basa lefel Inggil.

(Pak No mangsuli chatipun Bu Tonah ingkang nyebataken bab setunggal asta kangge nggendhong lare)

Pak No: Setunggal tangan kangge nyambi nyepengi Dhot Bu,

(Pak No ugi mangsuli chatipun Pak Ripto ingkang ngginakaken basa Jawi Inggil. Sinaosa boten patosa paham makna saha maksudipun, Pak No ngira-ngira bilih isinipun ‘chat’ saking Pak Ripto punika donga kaliyan ‘ucapan terima kasih')(Mila tanpa ragu-ragu Pak No mangsuli

Pak No: Sami-sami Bapak. Aamiin

Bu Tonah: (Ngaturaken gambar jempol/ 👍👍)

Pak Fian: (Ngaturaken gambar tangan kalih ingkang dipun rapetaken/ 🙏🙏🙏🙏)

(Pak No lajeng mangsuli chatipun Pak Fian)

Pak No: Mangga Pak Fian, enggal-enggal kemawon  ‘tancap gas'. InsyaaAlloh cekap  kalih dinten kangge ngayahi bimtek. (Dipun tambahi gambar jempol👍)

(Pak No lajeng mangsuli chatipun Pak Fian)

Pak No: Bimtek punika Saged dipun ayahi wonten griya, malah wanci dalu.

(Pak Fian lajeng mangsuli)

Pak Fian: siappp Pak No.

(Pak No lajeng ngaturaken gambar jempol)

Pak No: 👍👍👍

Bu As: Nggih Pak matursuwun infone pun 🙏

Pak No: Sami-sami Bu,

     ------



Tidak ada komentar:

Posting Komentar