Kegiyatan ing kelas (Gawe Karangan)


Salah sawijine kegiyatan ing kelas nalika esuk yaiku sinau basa Jawa bab gawe karangan.

Kang luwih dhisit dilakoni bocah - bocah nalika ngayahi tugas gawe warangka paragrap yaiku nemtokake tema. Saben bocah milih tema kang sesuai utawa jumbuh karo pengalamane dhewe.

Ora kabeh bocah bisa milih tema kang disenengi kanthi cepat. Mula perlu danakake kegiyatan cilik kanggo nuwuhake gagasan milih tema. Kegiyatan cilik kang dimaksud yaiku metu saka ruang kelas kanthi Melayu alon-alon ngubengi latar sekolahan seputeran banjur Bali maneh menyang ruang kelas. Sakwuse tekan njero ruang kelas bocah kang wis nemu gagasan bab tema kang arep ditulis banjir langsung nulis tema kang dipilih dene bocah kang esih durung bisa nemtokake tema kang arep ditulis banjur mlayu sepisan maneh lan nulis tema ana ing buku.

Sakwuse nemtokake tema banjur nulis warangka pambuka. Warangka pambuka ngemot ukara pitakon bab tema kang wus ditulis. Cacahe ukara pitakon kang ditulis ana ing bab pambuka bisa 3, 4, utawa 5.

Sakwuse gawe warangka bab pambuka banjur gawe warangka bab wose karangan kang isine ukara pitakon uga. Cacahe ukara pitakon ana ing bab wose karangan 3, 4 ,5, utawa 6.

Sakwuse gawe warangka karangan bab wose karangan banjur dilanjutake gawe warangka karangan bab penutup kang isine uga ukara-ukara pitakon.

Sakwuse warangka karang digawe dening bocah-bocah, kegiyatan sakbanjure yaiku ngembangna wangka karangan dadi karangan bebas.

Carane, saben-saben ukara pitakon kang wis ditulis ana ing warangka karangan dijawab kanthi gamblang. 

Ana kene kemampuan nggunakake basa saben bocah bisa Katon. Amarga olehe njawab ukara siji orang nganggo ukara siji, nanging awujud paragrap kang cacahe ukara bisa beda-beda. Paragrap kang paling cendhek cacahe ukara ana telu. Paragrap bisa disusun saka 3, 4, 5, utawa 6 ukara.

Ana ing saben paragrap kudu ana ukara pokok lan ukara panjlentreh.

Dadi yen ing warangka karangan ana 10 ukara, cacahe paragrap kanggo ngembangna paragrap paling sethithik ya 10 paragrap. Bisa lewih saka iku, amarga kadhang kanggo njawab ukara pitakon siji ora cukup nganggo penjelasan separagrap.

Matursuwun kanggo para pamaos blog www.ono.my.id