Bab Sesorah


Sesorah utawa pidhato yaiku ngandharake  gagasan/pikiran marang wong liya utawa ing sangarepe wong akeh. Pikirane  dhewe mau bisa arupa panemu, tanggapan, pangajak, apa dene ngabarake sawijining bab. Sesorah kang apik iku menawa maksud utawa gagasan wong kang sesorah gampang dingerteni dening wong kang disorahi utawa dipidhatoni. Mula sesorah kang apik saora-orane nganggo basa kang gampang dingerteni dening wong kang ngrungokake.

Mula saka iku menawa arep sesorah perlu nggatekake perkara-perkara kang bisa njalari "keberhasilan" nalika sesorah. 


Ing ngisor iki salah sijine tuladha naskah sesorah kang ditindakake dening siswa kelas 5 ana ing acara perpisahan kelas 6.


Assalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Sugeng siyang.

Ingkang kinurmatan Kepala UPT Dinas Pendidikan Kecamatan Kota;

Ingkang kula urmati Kepala SD Negeri 01;

Ingkang kula urmati Bapak lan Ibu Komite Sekolah;

Ingkang kula urmati Bapak lan Ibu Pengawas, Bapak lan Ibu Guru Saha Sedaya tamu undangan;

Ingkang Kula tresnani kakak-kakak kelas,  ingkang sekedhap malih medal saking SD Negeri 01 ngriki saperlu nglajengaken Sinau wonten ing SMP,lan kanca-kanca sedaya.

Mangga sasarengan kita ngonjukaken puji sokur dhateng ngarsanipun Gusti Alloh, ingkang tansah paring kanugrahan lan kanikmatan dhateng kita. Awit ing wekdal menika kita saged kempal lan pepanggihan wonten ing aula sekolah. Ing kawontenan menika, kita badhe ngleksanakaken perayaan perpisahan kelas kanthi sehat wal afiyat.

Bapak,Ibu, kakak-kakak kelas, lan para tamu ingkang saestu kula urmati. Kula minangka wakil adhik-adhik kelas kepareng matur dhumateng kakak-kakak kelas. Ingkang kapisan, kula ndherek bingah amargi sampun lulus lan ngrampungaken pasinaon ing SD Negeri 01 ngriki. Ingkang kapindho, kula  ngucapaken selamat jalan. Mugi- mugi wonten ing SMP  mangke, kakak-kakak kelas saged Sinau kanthi langkung sae lan manggih sukses sarta saged nggayuh nipun. Kajawi saking menika, kula sedaya uga nyuwun pangapunten,   mbokmenawi sadangunipun kita sesrawungan wonten ing SD ngriki wonten kekirangan LAN kalepatan.

Bapak, Ibu, kakak-kakak kelas lan para tamu ingkang Saestu kula urmati. Makaten ingkang saged kula aturaken. Mbokbilih anggen kula matur pinangka wakilipun adik-adik kelas wonten kekiranangan lan  tawi kirang subasita, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh. 

Sugeng siyang.

(Kapethik saka buku Kulina Basa Jawa kelas 6 kaca 85 lan 86, penerbit Intan Pariwara.)




Tidak ada komentar: