Maca Teks Crita Pengalaman (Basa Jawa)

(Postingan ini dibuat untuk belajar siswa kelas 6 SD)

..............................................

Assalamu'alaikum warohmatullohi wabarokaatuh,

Bocah-bocah sing tak tresnani, kepriye kahananmu dina iki. Muga-muga tansah pinaringan sehat wal afiyat.  Aamiin,,

Ana ing pasinaon iki kowe padha arep sinau nemokake pokok-pokok isine crita sing wis kokwaca, banjur nyritakna maneh crita mau nganggo basa krama.

Wacanen crita pengalaman ing ngisor iki supaya bisa nemokake pokok-pokok isinwe crita. Sakwuse mangerteni pokok-pokok isine crita banjur critakna maneh crita sing wis kokwaca mau. Olehmu  nyritakna maneh aja ngdhep teks iki ya.

Teks pengalaman

Nabrak  Pasir

       Jenengku Mahesa nanging kanca-kancaku padha ngundang  Mahe. Aku duwe kanca akrab, jenenge Yusuf lan Ali. Saben budhal sekolah aku bali bareng amarga manggon ing gang lan RT kang padha. Dina Sabtu, aku lan kancaku arep nonton pertandhingan voli ing lapangan pinggir desa. Aku lan kancaku numpak pit onthel dhewe-dhewe. Sakdurunge mangkat aku ngampiri Yusuf, banjur aku karo Yusuf ngampiri Ali.

      "Ayo mangkat nonton bal-balan ing lapangan pinggir desa!"

      "Mengko dhisit Mas Mahe, wis padha pamit Bapak lan Ibu apa durung?"

      "Yen aku lan Yusuf jelas wis pamit, ta Al?"

      "Malah aku disangoni panganan karo ibuku!" Yusuf nambahi.

      "Ya wis , takpamit ibuku dhisik."

      Ali banjur mlaku menyang mburi arep pamit karo ibune. Sakwise beres kabeh, aku lan kancaku padha budhal menyang lapangan iring-iringan. Aku nang ngarep, Yusuf nang tengah, lan mburi pisan Ali. 

      "Mandheg dhisik!" Yusuf ngajak mandheg.

      "Ana apa Suf?" Takone Ali.

      "Leren dhisik ngisor wit ringin kae!" 

      "Arep apa?"

      "Biasa, mangan dhisik!" Kandhane Yusuf karo ngetokake buntelan ing tas kresek.

      "Ya wis , ayo minggir dhisik!" Aku manut marang Yusuf. 

       Yusuf ngetokake buntelan isi panganan. Isine gethuk goreng lan gedhang goreng. Aku lan kancaku padha mangan breng-bareng kaya sedulur dhewe. Ora ana rasa ewuh amarga wis suwe anggonku kekancan. Mangan lan ngombe bebarengan wis lumrah. Mula aku lan kancaku katon rukun. Ora tau padha sulaya.

     "Ngomong-ngomong wis padha gawe PR Matematika sing kudu dikumpulke sesuk?" Ali takon karo mangan gedhang goreng.

     "Wis dadi to,  Al. Bali sekolah langsung takgawe."

     "Aku durung. Kowe pancen sregep tur pinter, Mas Mahe. Pantesan bijimu apik-apik terus. Jawab Yusuf. 

     "Ya  wis, mengko bengi sinau bareng ning omahe Mas Mahe. Supaya bijine dhewe ora pas-pasan terus." Kandhane Ali.Aku lan kancaku amung bisa ngguyu jalaran Ali kerep ngajak sinau bareng, nanging dheweke ora gelem teka.

     Bubar mangan, Ali katon seger. Cepet-cepet dhewekke nggenjot pit onthel. Aku lan Yusuf sing lagi mbuwang larahan panganan, wis ditinggal Ali.

     Aku lan Yusuf banjur bebarengan nututi Ali. Pit onthel tak genjot rada rikat. Nanging Ali wis ora katon. 

    "Ali kok wis nggeblas ya Suf? takonku. 

    "Wis entek gedhang goreng telu karo gethuk, mulane langsung nggeblas, Mas. Ha ha ha!"  Aku melu ngguyu krungu tembunge Yusuf. Aku lan Yusuf banjur neruske laku, mlipir dalan menyang lapangan kang isih rada adoh. Nalika tekan prapatan cedhak lapangan, akeh wong padha ngumpul ing pinggir dalan. Aku lan Yusuf banjur minggir melu nonton. Aku kaget nalika ngerti ana bocah kang dibopong wong lanang ing pinggir dalan. Luwih kaget maneh jalaran bocah sing dibopong mau jebul Ali.

                                                                       

     "Piye ta, Al" takon Yusuf. Ali meneng bae karo mringis amarga sikil lan tangane tatu. 

     "Wis Suf, ora perlu nyalahake Ali."

     "Ditabrak apa mau Al?" takone Yusuf.

     "Ora ana sing nabrak."

     "La terus , kok isa tiba?" 

     "Aku nabrak gundhukan pasir," kandhane Ali lirih karo nahan perih tatune.

      "Ya wis, saiki mampir Puskesmas dhisik, terus nonton bal-balan," aku mrenahke Ali.

    Aku lan Yusuf ngeterake Ali menyang Puskesmas cedhak prapatan. Tekan Puskesmas Ali banjur diobati dokter. Aku banjur maturnuwun marang dokter amarga wis ditulungi kanthi gratis utawa ora mbayar.

     Ali Mesem rada isin banjur crita nalika tiba. Kabeh padha ngguyu jalaran Ali tiba nabrak pasir ing pinggir dalan  amarga arep cepet-cepet tekan lapangan. 

    "Yen wis tekan lapangan dhisik karepku arep ngumpet. Dimen Mas Mahe lan Yusuf padha bingung nggolekki aku!" Jare Ali sakwise metu saka Puskesmas.

     "Mulane ra sah kemaki!" Yusuf nyindhir Ali. Aku, Yusuf lan Ali padha ngguyu kabeh banjur neruske laku nonton voli nganti rampung.

(Kapethik saka buku Remen Basa Jawi SDMI Kelas VI kaca 35 tekan 37)

Sakwuse maca teks, ayo golekana pokok-pokok isine crita ing dhuwur 

Anggonmu nggolekki bisa bebarengan karo kanca.

Conto lembar tugas 

   

Tidak ada komentar: