Tuladha Pitakon lan Wangsulan Bab Sesorah

 




Pitakon:  Sapa wae tamu undangan kang padha rawuh ing perayaan perpisahan kelas iku?

Wangsulan

Ngoko :

Tamu undangan kang padha rawuh ing perayaan perpisahahn kelas yaiku : Kepala UPT Dinas Pendidikan Kecamatan Kota, Bapak lan Ibu Komite Sekolah, Bapak lan Ibu pengawas.

Krama :

Tamu undangan igkang sami rawuh wonten ing perayaan perpisahan kelas inggih menika : Kepala UPT Dinas Pendidikan Kecamatan Kota, Bapak kaliyan Ibu Komite Sekolah, Bapak kaliyan Ibu Pengawas.

Padinan :

Tamu undangan sing rawuh neng perayaan perpisahan kelas yakuwe : Kepala UPT Dinas Pendidikan Kecamatan Kota, Bapak karo Ibu Komite Sekolah, Bapak karo Ibu pengawas.

 ------------------------

 

Pitakon: Sapa sing ditresani dening paraga?

Wangsulan

Ngoko :

Sing ditresnani dening paraga yaiku kakak – kakak kelas sing sedhela maneh metu saka SD Negeri 01 lan kanca-kanca.

Krama :

Ingkang dipun tresnani dening paraga inggih menika kakak-kakak kelas ingkang sekedhap malih medal saking SD Negeri 01 kaliyan kanca-kanca.

Padinan :

Sing ditresnani paraga yakuwe kakang-kakang kelas sing sedhela maning metu sekang SD Negeri 01 karo kanca-kanca.

 --------------------------

 

Pitakon: Kepriye salam pambukane paraga sing sesorah ing perayaan perpisahan kelas iku?

Wangsulan

Ngoko :

Paraga sing sesorah ing perayaan perpisahan kelas iku nggunakake salam pambuka arupa tembung, “Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh” lan “Sugeng siyang”.

Krama :

Paraga ingkan sesorah wonten ing perayaan perpisahan kelas menika ngginakake salam pambuka arupi tembung, “Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh” kaliyan “Sugeng siyang”.

Padinan :

Paraga sing sesorah neng perayaan perpisahan kelas kuwe ngunakna salam pambuka sing rupane, “Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh” karo “Sugeng siyang”.

 -----------------------------

 

Pitakon: Sawise ngaturake salam pambuka, paraga sing sesorah ngaturake salam apa maneh?

Wangsulan

Ngoko :

Sawise ngaturake salam pambuka, paraga sing sesorah ngaturake salam pakurmatan.

Krama :

Sasampunipun ngaturaken salam pambuka, parag ingkng sesorah ngaturaken salam pakurmatan.

Padinan :

Sawise ngaturaken salam pambuka, paraga sing sesorah ngaturaken salam pakurmatan.

---------------------------------
(Kapethik saka buku Kulina Basa Jawa VI SD; Intan Pariwara; kaca 88 kanthi perubahan saperlune)

Tidak ada komentar: