Sesorah, tuladha lan perangan-perangane

Sugeng rawuh para pamaos, mugi-mugi tansah karaharjan

Tuladha sesorah  ana ing acara perpisahan kelas 6 

Assalamu'alaikum wr. wb.

Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang Kula urmati. Kanca-kanca ingkang kula tresnani. 

Puji sokur kula aturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring bagas kasarasan dhumateng kita Sedaya. Awit kita saged pepanggihan ing pasamuwan menika. Ing kawontenan menika kita saged kempal kanthi sehat wal afiyat.

Ing ngriki kula minangka wakilipun kanca-kanca kelas enem ngaturaken gunging panueun dhumateng Bapak saha Ibu Guru Awit sampun kersa ngrawuhi pasamuwan ingkang Kula sakanca wontenaken menika. Pasamuwan menika minangka raos sokur lan perpisahan kelas enem ingkang saweg nampi pengumuman lulusan. Pramila ing wekdal menika, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun paring tuntunan tuwin panggulawenthah wiwit kula sakanca kelas setunggal dumugi tamat menika. Mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah paring kawilujengan saha kanugrahan dhumateng panjenengan sedaya.

Salajengipun kula sakanca boten kesupen nyuwun pangaksami bilih wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kurang Prayogi. Wasana cekap semanten anggen kula matur, bilih wonten kekiranganipun kula nyuwun pangaksami. Nuwun.

Wassalamu'alaikum wr. wb. 

(Kapethik saka buku: Kulina Basa Jawa Kangge Kelas 6, kaca 97 - 98, terbitan Intan Pariwara)


Perangane Sesorah

Ana ing naskah sesorah ing ndhuwur bisa kaperang dadi pirang-pirang werna yaiku;


Salam pambuka

Kang kalebu perangan salam pambuka yaiku:

Assalamu'alaikum wr. wb.


Pakurmatan

Kang kalebu pakurmatan yaiku:

Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang Kula urmati. Kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Ana kene pakurmatan ditujokake marang Kepala Sekolah, Bapak kan Ibu Guru.


Atur puji sokur marang Gusti Allah

Kang kalebu atur puji sokur marang Gusti Allah ana ing sesorah ing dhuwur yaiku:

Puji sokur kula aturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring bagas kasarasan dhumateng kita Sedaya. Awit kita saged pepanggihan ing pasamuwan menika. Ing kawontenan menika kita saged kempal kanthi sehat wal afiyat.


Isine sesorah

Dene kang kalebu perangan isine sesorah yaiku;

Ing ngriki kula minangka wakilipun kanca-kanca kelas enem ngaturaken gunging panuewun dhumateng Bapak saha Ibu Guru Awit sampun kersa ngrawuhi pasamuwan ingkang Kula sakanca wontenaken menika. Pasamuwan menika minangka raos sokur lan perpisahan kelas enem ingkang saweg nampi pengumuman lulusan. Pramila ing wekdal menika, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun paring tuntunan tuwin panggulawenthah wiwit kula sakanca kelas setunggal dumugi tamat menika. Mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah paring kawilujengan saha kanugrahan dhumateng panjenengan sedaya.

Isine sesorah yaiku ucapan maturnuwun marang Bapak lan Ibu Guru kang nggulawenthah wiwit kelas siji tekan tamat sekolah.


Panutuping sesorah

Kang kalebu penutuping sesorah ing dhuwur yaiku;

Salajengipun kula sakanca boten kesupen nyuwun pangaksami bilih wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kurang prayogi. Wasana cekap semanten anggen kula matur, bilih wonten kekiranganipun kula nyuwun pangaksami. Nuwun.


Salam panutup

Kang kalebu salam panutup yaiku:

Wassalamu'alaikum wr. wb. 


Kang kudu digatekake nalika sesorah

Kang kudu digatekake nalika sesorah yaiku;

1. Swara kudu kudu banter

2. Lafal, vokal, sarta ucapan kudu cetha lan bisa mbedakake aksara. 

3. Nalika maca sesorah kudu ana irama, intonasi, endhek dhuwure swara, alon cepete olehe maca.

4. Solah bawa nalika sesorah kudu trep.


Mbiji sesorah

Aspek kang dibiji nalika mbiji kanca kang lagi sesorah yaiku;

1. Swara

2. Lafal

3. Intonasi

4. Ekspresi



https://www.travelpayouts.com/?marker=414605

Tidak ada komentar: