Ngandharake Isine Teks Sesorah

Ngandharake isine teks sesorah padha wae karo njlentrehake pokok-pokok sesorah utawa pidhato. Sadurunge  ngandharake isine sesorah, awake dhewe kudu nggoleki dhisik pokok-pokok sesorah. Sawise pokok-pokok sesorah rampung ditemtokake banjur dirakit dadi ukara-ukara kang runtut. Ngandharake sesorah bisa dileksanakake mawa tulisan,  uga bisa kanthi lesan.

Menawa isine sesorah mau arep diandharake kanthi lesan, kudu;

·         Apal lan ngerti apa sing arep diandharake

·         Angone ngandharake kudu urut

·        Ora  grogi.


Langkah-langkah kang bisa dilakoni kanggo ngandharake isine sesorah;

  • Nulis pokok-pokok isine sesorah
  • Gawe ukara-ukara bab pokok-pokok isine sesorah
  • Ngandharake isine sesorah kanthi runtut.

Tidak ada komentar: