Tuladha Pitakon lan Wangsulan Bab Sesorah 2

 Pitakon: Sawise lulus lan ngrampungake sekolah ana ing SD, kakak kelas arep padha menyang ngendi?

Wangsulan

Ngoko :

Sawise lulus lan ngrampungake sekolah ana ing SD, kakak kelas arep padha menyang SMP.

Krama :

Sasampunipun lulus saha ngrampungaken sekolah wonten ing SD, kakak kelas badhe sami nerasaken dhateng SMP.

Padinan :

Sawise lulus lan ngrampungaken sekolah neng SD, kakang kelas arep padha maring SMP.

 ----------------------------------

 

 

 

Pitakon: Paraga sing sesorah ngajak para tamu supaya ngonjukake puji sokur marang sapa?

Wangsulan

Ngoko :

Paraga sing sesorah ngajak para tamu supaya ngonjukake puji sokur marang Gusti Allah.

Krama :

Paraga ingkang sesorah ngajak para tamu supados ngonjukaken puji sokur  dhumateng Gusti Allah.

Padinan :

Paraga sing pidhato ngajak para tamu supaya ngonjukaken puji sokur maring Gusti Allah.

 -----------

 

 

Pitakon: Apa sebabe paraga sing sesorah ngajak para tamu ngonjukake puji sokur iku?

Wangsulan

Ngoko :

Paraga sing sesorah ngajak para tamu ngonjukake puji sokur marang Gusti Allah amarga tansah pinaringan kanugrahan lan kanikmatan.

Krama :

Paraga ingkang sesorah ngajak para tamu ngonjukake puji sokur dhumateng Gusti Allah amargi tansah pinaringan kanugrahan saha kanikmatan.

Padinan :

Paraga sing pidhato ngajak para tamu ngonjukaken puji sokur maring Gusti Allah merga tansah diparingi kanugrahan karo kanikmatan.

 ----------------------------------

 

 

Pitakon: Ana ing ruwang apa perayaan perpisahan kelas iku dilekesanakake?

Wangsulan

Ngoko :

Perayaan perpisahan kelas iku dilekesanakake ana ing aula sekolah.

Krama :

Perayaan perpisahan menika dipun leksanakake wonten ing aula sekolah.

Padinan :

Perayaan perpisahan kuwe dileksanakakken neng aula sekolah.

 ------------------------------

 


Pitakon: Paraga sing sesorah ngucapake apa marang kakak-kakak kelase?

Wangsulan

Ngoko :

Paraga sing sesorah ngucapake “Selamat jalan”, ndongakake uga njaluk pangapura marang kakak-kakak kelase.

Krama :

Paraga ingkang sesorah ngucapaken “Selamat jalan”, ndongakaken ugi nyuwun pangapunten dhumateng kakak-kakak kelasipun.

Padinan :

Paraga sing pidhato ngucapaken “Selamat jalan”, ndongakaken uga njaluk pangapura maring kakang-kakang kelase.

(Kapethik saka buku Kulina Basa Jawa VI SD; Intan Pariwara; kaca 88&89 kanthi perubahan saperlune)

Tidak ada komentar: